Keluargaku
Ali Mustofa
Ngrungokno wong tukaran garai aku
seng lagi sinau melok sumpek. Suarane Bapak banter banget, ngamuk marang ibuk.
Suarane sampek krungu nang sebelah omah, garai wong-wong podo metu. Aku nguwasno
saking bilik kamar, melok pegel marang tingkahe bapak seng nampar ibuk.
Bengi iku aku, adhiku, lak bapak ibukku pada ngumpul nang
ruang tamu. Kayata biasane lak bapak teko mesti padha kumpul crito. Adhiku seng
isih umur 6 tahun uga melok kumpul lan dulinan karo aku. Aku seneng banget yen
bapak moleh, amarga mesti nggawa oleh-oleh saka panggon kerjone ing Surabaya.
Ibuk yo melok seneng amarga ora bendino bapak moleh, nanging mung sakwulan peng
pisan. Niku wae ya ora mesti. Nanging bengi iku bedo banget kaya bengi yen
bapak moleh. Suasane kacau sakwise bapak weroh isine hpne ibuk. Aku seng awale
ora ngerti opo-opo dikongkon sinau ing kamar. Adhiku dikongkon turu pisan ing
kamare. Aku banjur manut nang kamar, sinau karo turu-turuan. Adhiku seng uga
digowo nang kamar dikongkon turu. Awale ora krungu suara banter, mung ibuk karo
bapak omong-omongan kayata biasane. Nanging tambah sue kok tambah banter. Aku
ora ngerti opo alasane bapak ngamuk marang ibuk. Aku etok-etok ora eroh ae
amarga ya iku urusane wong seng luwih gede saka aku. Akhire suarane rodok alon
sakwise aku krungu ono suarane pakdheku seng moro nang omah lan ngaturi bapak
karo ibukku.
Banjur mene aku tangi rodok awan, bapak wes ora ana.
Biasane bapak moleh maneh nang Surabaya iku minggu ngarepe, nanging dino iku
bapak kok wes ora ana padahal wingine sektas moleh nang omah. Aku banjur takon
marang ibuk.
“Bapak
wonten pundi buk?” takonku.
“Wes
moleh wingi bengi,” wangsulane ibuk.
“Loh
wonten nopo buk?” takonku maneh.
“Wes
ora usah kakean takon, sarapano kono,” wangsulane ibuk karo ngamuk.
Aku banjur manut sarapan lan ados. Nanging aku tetep
penasaran opo alasane wong tuaku podo ngamuk koyok bengi iku. Akhire aku meneng
ono ngarepe omah, karo ngrungokno lagu-lagu senenganku. Sakwise iku aku ketemu
karo pakdheku seng lewat ngarepe omah. Aku banjur omong-omongan karo pakdheku.
“Lapo
lhe?” takone pakdheku.
“Niki
mirengno lagu pakdhe,” jawabku.
“Oalah,
lak diwasno mau kok kyok nglamun pisan lhe,” kandhane pakdhe.
“Enggeh
pakdhe kaliyan mikirno ibuk kaleh bapak mambengi” wangsulanku.
“Oh
iku toh, wes ora usah dipikir lhe, mben awamu yo bakale ngerti dewe,” kandhane
pakdhe.
“Enggeh
pun pakdhe,” wangsulanku rodok pegel.
“Yoes
lhe tak nang warung disek,” kandhane pakde karo mlaku.
“Enggeh,”
wangsulanku.
Akhire aku tetep wae ora ngerti opo alasane wong tuaku kok
podo ngamuk bengi iku. Aku yoes ora ngurusi maneh amarga bapak lan ibuk uga ues
podo apikan maneh. Seng penting karo keluarga iku kudu guyub rukun, yen ono masalah yo cepet dimarino karo cara seng apik.
Amarga harta seng paling indah iku yo keluarga. Keluarga seng ono omah,
keluarga seng ono sekolah, lan keluarga ing ndi panggonan kudu dijogo
kerukunane.
Comments
Post a Comment